BTemplates.com

Sabtu, 06 April 2019

Barokah Kyai



Sabtu, 6 April 2019
(Tafsir)

Lek wes mari SLTA ndang cepet-cepet daftar nang Yudharta gak oleh kuliah njobo liyane Yudharta, ngkok  aku khawatir engkok katut islam radikal.

Akeh seng manfaat kabeh, tapi nganut. Belajar taat ambek guru. Tak duduhno kuncine, aku isok ngene iki gara-gara  opo se ? manut ambek guru, gara-gara ngene iki bukan karena ngalim ganok apan-apen e aku iki, barokah e ditoto guru. Ditoto mbah kyai aku manut walaupun aku nduwe anak 5 umah dewe ngene iki nang guru ditot yo manut, dibarokahi taat guru. Lek nganut gak leren-leren dungoku. Paham rek ? Onok e  ngene  iki mulai asrama A – O mulai paud – universitas iki bukan Karena ilmuku karena aku iki taat karo guru, mek ngunu tok.

Bien onok Kyai Manab Lirboyo, Mbah Manab mondok nang Mbah Kholil Bangkalan. Mbah Manab mondok teko langsung nang Mbah Kholil dikurugi kurungane pitik. Mbah Manab meneng ae pirang-pirang dino gak wani obah. Bareng wes dingakno kurungane, Mbah Manab ngaji ngladen Mbah Nyai Kholil ngladeni Mbah Kholil wayahe ngaji yo ngaji wayahe sekolah nggeh sekolah. Wes oleh pirang tahun Mbah Manab pamitan moleh, ahire Mbah Manab pamitan moleh. Gak oleh ng Mbah Kholil, gak moleh wes. Moro liyo tahun pamit maneh gak oleh maneh, akhir e Mbah Kholil melbu umah gowo clurit. Seng jenenge Mbah Manab dauber-uber, Mbah Kholil yo nguber. Akhire Mbah Kholil dawuh nang Mbah Manab “moleho wes santri tawon”. Mbah Manab nang Mbah Kholil disabdo  kyai twaon. Dadi kyai. Iku dibarokahi taat ambek gruru, dikongkon wangsul disabdo kyai tawon, iku ngunu sabdone guru dikongkon wangsul geh wangsul.


Kunjungi juga :
Pendidikan (Ujian Nasional)
Pendidikan

0 komentar:

Posting Komentar