April 06, 2019 MUTIARA NGALAH
Sabtu, 6 April 2019
(Tafsir)
Lek wes mari SLTA ndang cepet-cepet daftar nang Yudharta gak
oleh kuliah njobo liyane Yudharta, ngkok aku khawatir engkok katut islam radikal.
Akeh seng manfaat kabeh, tapi nganut. Belajar taat ambek
guru. Tak duduhno kuncine, aku isok ngene iki gara-gara opo se ? manut ambek guru, gara-gara ngene iki
bukan karena ngalim ganok apan-apen e aku iki, barokah e ditoto guru. Ditoto mbah
kyai aku manut walaupun aku nduwe anak 5 umah dewe ngene iki nang guru ditot yo
manut, dibarokahi taat guru. Lek nganut gak leren-leren dungoku. Paham rek ? Onok
e ngene iki mulai asrama A – O mulai paud –
universitas iki bukan Karena ilmuku karena aku iki taat karo guru, mek ngunu
tok.
Bien onok Kyai Manab Lirboyo, Mbah Manab mondok nang Mbah Kholil
Bangkalan. Mbah Manab mondok teko langsung nang Mbah Kholil dikurugi kurungane
pitik. Mbah Manab meneng ae pirang-pirang dino gak wani obah. Bareng wes
dingakno kurungane, Mbah Manab ngaji ngladen Mbah Nyai Kholil ngladeni Mbah Kholil
wayahe ngaji yo ngaji wayahe sekolah nggeh sekolah. Wes oleh pirang tahun Mbah Manab
pamitan moleh, ahire Mbah Manab pamitan moleh. Gak oleh ng Mbah Kholil, gak
moleh wes. Moro liyo tahun pamit maneh gak oleh maneh, akhir e Mbah Kholil
melbu umah gowo clurit. Seng jenenge Mbah Manab dauber-uber, Mbah Kholil yo
nguber. Akhire Mbah Kholil dawuh nang Mbah Manab “moleho wes santri tawon”. Mbah
Manab nang Mbah Kholil disabdo kyai
twaon. Dadi kyai. Iku dibarokahi taat ambek gruru, dikongkon wangsul disabdo
kyai tawon, iku ngunu sabdone guru dikongkon wangsul geh wangsul.
Kunjungi juga :
Pendidikan (Ujian Nasional)
Pendidikan